Selasa, 17 Mei 2016

Pawarta

Festival Gamelan 2011

12 Jully 2011 19.05 WIB

Yogyakarta,www.jogjatv.tv- Yogyakarta Gaelan Festivl 2011 ingkang dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta, malem Setu kala wingi(8/7),lumampah regeng. Festival ingkang dipun gelar saben taun ing Ngayogyakarta punika, ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipun garap dening saben paguyuban.
Lampahing krida taunan Festival Gamelan Yogyakarta ing Taman Budaya Yogyakarta lumampah regeng. Pasarta ingkang ngregrengaken YGF boten namung para pangrawit ingkang sampun diwasa kemawon, ananging ugi wonten pangrawit ingkang tasih lare. Tuladhanipun Adkar Java Musik ingkang dipun pandegani dening Joko Mursito. Sinaoso pangrawitipun taksih lare, pranyata kumawi damel kepranan para pamirsa. Garap gendhing ingkang dipun paragani deing lare cacah 11 punika saged kangge dudutan, bilih taksih wonten lare lare ingkang nresnani dhateng seni lan budhayanipun. Gendhing ingkang dipun garap antawsipun gamelan anak-gamelanunik, obah owah lan Istimewa Gelora Jogja. Kejawi Adkar Java Musik, Festival punika ugi dipun sengkuyung dening Amerika Serikat, TAiwan, Malaysia, Jepang lan Indonesia, kanti gendhing ingkang nyleneh lan mranani.

Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif
sumber :
http://anindanurul.blogspot.co.id/2012/03/pawarta-kebudayaan-jawa.html 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar