Selasa, 17 Mei 2016

Pengalaman

                Salah Paham
Dina iku aku kesel, mergo akeh kegiyatan. Saking kesel e aku anteng lan rodo emosi.
Ananging konco cerak ku nanggep bedo, aku didarani nesu. ning kono kabeh anteng lan koyo dadi musuh.
Nek pethuk blas ora aroh aroh, aku ngrasa bedo banget. Akhir e aku emosi lan tak sinder terus koncoku.
Ning pas kuwi aku yo ngroso salah lan ora penak, sek biasane kumpul lan omong omongan bareng dadi ora omongan blas. Banjur kuwi aku niat apik, aku sek ngalah tak jak omongan, tor le njawab do koyo watu.. atos kabeh. Aku tabah emosi... tur ndilalah ono konco ku sijine sek jelaske.. akhire reti kabeh lan aku naluk ngapura mero pas kuwi kabeh do nanges. Kabeh njalok pangapura la ora bakal mbaleni salah paham koyo ngeneki.

Pawarta

Festival Gamelan 2011

12 Jully 2011 19.05 WIB

Yogyakarta,www.jogjatv.tv- Yogyakarta Gaelan Festivl 2011 ingkang dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta, malem Setu kala wingi(8/7),lumampah regeng. Festival ingkang dipun gelar saben taun ing Ngayogyakarta punika, ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipun garap dening saben paguyuban.
Lampahing krida taunan Festival Gamelan Yogyakarta ing Taman Budaya Yogyakarta lumampah regeng. Pasarta ingkang ngregrengaken YGF boten namung para pangrawit ingkang sampun diwasa kemawon, ananging ugi wonten pangrawit ingkang tasih lare. Tuladhanipun Adkar Java Musik ingkang dipun pandegani dening Joko Mursito. Sinaoso pangrawitipun taksih lare, pranyata kumawi damel kepranan para pamirsa. Garap gendhing ingkang dipun paragani deing lare cacah 11 punika saged kangge dudutan, bilih taksih wonten lare lare ingkang nresnani dhateng seni lan budhayanipun. Gendhing ingkang dipun garap antawsipun gamelan anak-gamelanunik, obah owah lan Istimewa Gelora Jogja. Kejawi Adkar Java Musik, Festival punika ugi dipun sengkuyung dening Amerika Serikat, TAiwan, Malaysia, Jepang lan Indonesia, kanti gendhing ingkang nyleneh lan mranani.

Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif
sumber :
http://anindanurul.blogspot.co.id/2012/03/pawarta-kebudayaan-jawa.html 

Geguritan



   Gugur Gunung

Dina minggu wayah esok...
Aku menyang balai des...
Kumpul marang wong tuwa-tuwa..
Padha reresik desa..
     Aku ana pinggir dalan..
     Ngresiki parit lan nyapu ratan..
     Srek!srek!srek!...
     Suara sapuku..
Ana sing macul..
Ana sing mbubuti suket..
Uga ana sing reresik kebon.
    Greget gumregah..
    Supaya desa dadi endah..
    Kabeh padha makarya...
    Kanggo asrining desa...